STAGEN

Setagen punika ginanipun kagem nyingseti utawi “ngencengaken” tumempelipun sinjang wonten badan, supados sampun ngantos mlorot temahan udar.
Menawi cara ngagem setagen punika kanthi di ubetaken wonten badan saking tengen mangiwa wiwit ngandap padharan dumugi ngandape dada.
Stagen nggadahi filosofi nata badan supadasa tegap lan santun anggene unggah-ungguh.Setagen ugo gadahi teges paningset ingkang maknanipun “bebakaling sandhang” utawi cikal bakal busana kang di karepaken ing bebrayan mangkih kekalih temanten sageto ngalampahi sedaya kondisi.